Total Tayangan Halaman

Minggu, 08 Juni 2014

pidato bahasa kromo

Assalamu’alaikum.wr.wb Alhamdulillahirobbil’alamin washolatu wasalamu’ala asrofil anbiya’I wal mursalin wa’ala alihi washohbihi ajma’in. ‘Ama ba’du. Bapak ibu sesepuh pinisepuh dukuh mandingan ingkang kawulo hormati. Kangmas, mbakyu soho poro rawuh ingkang kawulo hormati ugi. Saderengipun monggo kito tansah ngaturaken puji syukur dumateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampun paring nikmat soho rahmat dumateng kito sedoyo sahinggo kito saged makempal wonten mushola meniko mligi badhe nyelenggaraaken silaturohim syawalan wargo dukuh mandingan meniko. Sholawat soho salam tansah kito aturaken dumateng junjungan kito nabi agung Muhammad SAW, ingkang tansah kito ajeng2 safaatipun mangke wonten dinten kiamat. Bapak ibu soho pinisepuh dukuh mandingan ingkang kawulo hormati. Kawulo jumeneng wonten ngarsanipun bapak ibu sedoyo minongko talang atur soho wakil saking poro kadang wiranem. Sepindah ngaturaken sugeng riyadi utawi sugeng hari raya idul fitri 1432 H kanthi dedongo taqobalallohi minna waminkum siyama wa siyamakum, akdamana wa akdamakum. Amin,,,amin,,,yarobbal’alamin. Kaping kalihipun sarehne dalem meniko kadang wiranem mbok bilih anggen kawulo nglampahi bebrayan agung wonten dukuh mandingan meniko salaminipun satunggal tahun kapengker kathah lepat soho tindak tanduk ingkang mboten mranani penggalih bapak ibu sedoyo wonten ing dinten riyadi puniko kawulo kadang wiranem sedoyo nyuwun pangapunten sedoyo kekirangan soho kalepatan lan dedongo mugi2 Alloh SWT paring ampunan dumateng kito sedoyo. Amin,,,, Ingkang kaping tigo, kawulo sedoyo kadang wiranem tansah nyuwun doa restu soho pangestunipun bapak ibu amrih saged kaleksanan sedoyo panjongko, cita2, soho saged nglampahi bebrayan kanthi sae soho saged ngabekti dumateng bapak, ibu, nusa bangsa soho agama kanthi sae. Bapak-ibu sesepuh soho pinisepuh dukuh mandingan ingkang kawulo hormati. Makaten atur kawulo minongko wakil kadang wiranem mbok bilih kathah kalepatan lan kekirangan kawulo nyuwun pangapunten sak ageng2ipun. Makaten wassalamu’alaikum.wr.wb Wedal soho panggenanipun kawulo aturaken dumateng pranotocoro.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar